Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika
abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Macapat iku tembang tradhisional ing tlatah
Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra,
lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan
dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.[1] Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa
ditemokaké jroning kabudayan Bali[2], Sasak[3], Madura[4], lan Sunda.
Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang[5] lan Banjarmasin.[6] Biasané macapat dimaknani minangka maca
papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata).[7] Nanging bab iki dudu siji-sijiné
makna, penafsiran liya uga ana.[7] Macapat dikira muncul ing
pungkasan jaman Majapahit lan
wiwitané pengaruh Walisanga, nanging
bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah.[8] Sebab ing Jawa Wétan lan Bali
macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.[8]
Karya-karya kasusastran klasik Jawa
saka jaman Mataram Anyar,
umumé ditulis nganggo metrum macapat.[9]. Sawijining tulisan jroning
wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya
sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé.[9] Sawetara conto karya sastra Jawa
sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama[10], Serat Wulangreh[11], lan Serat Kalatidha.[12]
Puisi tradhisional Jawa utawa
tembang biyasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang
tengahan lan tembang gedhé.[13] Macapat digolongaké kategori tembang
cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna,
nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa
lan cendhak.[13] Saliyané kuwi tembang
tengahan uga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa
Tengahan.[14]
Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi
béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin
sing didhasaraké marang basa Sangskerta,
jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.[13]
Aturan-aturan jroning macapat mau
antara liya:
- Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).
- Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
- Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Déné, tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna.
Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar
ageng.
Sekar
Macapat utawa Sekar Alit
- Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
- Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
- Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.
- Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
- Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
- Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
- Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
- Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
- Durma: Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
- Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
- Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
- Pocung: Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Sekar
Madya utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.
Sekar
Ageng
Tabel
Sekar
Supaya luwih gampang mbédakaké siji
lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau,
bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar
Macapat
|
|||
Sekar
Macapat
|
|||
Mijil
|
6
|
10, 6, 10, 10, 6, 6
|
i, o, e, i, i ,u
|
Sinom
|
9
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
|
a, i, a, i, i, u ,a ,i, a
|
Dhandhanggula
|
10
|
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7
|
i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a
|
Kinanthi
|
6
|
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
|
u, i, a, i, a, i
|
Asmarandana
|
7
|
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8
|
a, i, e, a, a, u, a
|
Durma
|
7
|
12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,
|
a, i, a, a, i, a, i
|
Pangkur
|
7
|
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,
|
a, i, u, a, u, a, i
|
Maskumambang
|
4
|
12, 6, 8, 8
|
i, a, i, a, a
|
Pucung
|
4
|
12, 6, 8, 12
|
u, a, i, a
|
Jurudhemung
|
7
|
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8
|
a, u, u, a, u, a, u
|
Wirangrong
|
6
|
8, 8, 10, 6, 7, 8
|
i, o, u, i, a, a
|
Balabak
|
6
|
12, 3, 12, 3, 12, 3
|
a, e, a, e, u, e
|
Gambuh
|
5
|
7, 10, 12, 8, 8
|
u, u, i, u, o
|
Megatruh
|
4
|
12, 8, 8, 8,
|
u, i, u, i, o
|
Girisa
|
8
|
8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8,
|
a, a, a, a, a, a, a, a
|
Tidak ada komentar:
Posting Komentar